REGI WIJI KOPI MANDHAP

.


Informasi Seputar Sindoro - Regi isi kopi garing menapa dene teles mliginipun kangge jinis kopi arabika ing Kabupaten Temanggung, salebeting setungal minggu menika kalebet mandhap. Kawontenan kasebat anjalari para among tani was kuwatos amargi menawi reginipun mboten enggal sae saged anjalari among tani nandhang kapitunan.

Regi isi kopi teles ing tataran among tani wekdal samangke ing saben kilonipun namung nggayuh kawan ewu rupiah utawi saben kilonipun mandhap kalih ewu rupiah. Wondene regi isi kopi garing ingkang padatan ing saben kilo wolu las ewu rupiah, samangke dados nem belas ewu rupiah. Mandhapipun regi isi kopi kasebat sampun wiwit dipun raosaken salebeting setunggal minggu menika.

Miturut satunggaling among tani kopi ing wewengkon Gemawang, Mismin, regi isi kopi watawis tigang dinten kepengker ing sawetawis wekdal sae watawis gangsal atus rupiah. Ananging samangke tansah mandhap ngantos ing saben kilonipun kalih ewu rupiah. Mismin mboten ngertos ingkang anjalari mandhapipun regi isi kopi. Ananging kakinten amargi samangke mujudaken panen raya kopi dados stok-ipun kathah. Kajawi menika, wontenipun ingkang mainaken regi ing tataran bakul saged anjalari regi kopi mandhap. Mangertosi barang ingkang kathah, para bakul tansah nawa kanthi regi sak sekecanipun.

Kanthi regi isi kopi ingkang wonten samangke, para among tani kopi ing temanggung panci mboten nandhang kapitunan ananging para among tani ugi mboten angsal asil babar blas. Para among tani namung ngaken was kuwatos menawi regi kopi mboten enggal sae saha tansah mandhap satemah saged anjalari among tani nandhang kapitunan menapa malih ndungkap panen raya kopi. (Rahardian Setiawan - Temanggung)

Sumber:
MANTEB.com

0 komentar:

Posting Komentar

Statistik Pengunjung